Tanggap Warsa SMAN 1 Yogyakarta Kaping 66
Yogyakarta, 16 desember 2023. Upacara mangayubagya dinten ambal warsa SMAN 1 Yogyakarta kaping 66 kagelar wonten lapangan voli. Peserta upacara inggih punika kasengkuyung dening sedaya wargi Teladan kanthi tertib saha khidmat.
"Kula 40 warsa kepengker ugi siswa wonten ngriki, lan dumugi dinten puniki taksih rumaos syukur bingah bombing manah dipunsebut Alumni Teladan andharan Ir. Rony Primanto Hary, M.T kajibah minangka Ketua Komite SMAN 1 Yogyakarta.
Upacara mlampah khidmat, tim ingkang minangka tiyang ingkang nindakaken ayahan sampun gladhen mapinten-pinten dinten, mbudidaya upacaranipun lumampah gangsar. " Mugi-mugi Teladan tetep jaya.. " Donga puji sadaya peserta upacara. Sasampunipun upacara dipunbyawarakaken pemenang lomba classmeeting.
Lomba basket tandhing angkatan juwara 1 : angkatan 65 kelas XII juwara 2 : angkatan 66 kelas XI juwara 3 : angkatan 67 kelas X lomba e-sport juwara 1 : XE1 juwara 2 : XI mipa 3 juwara 3 : XI mipa 6 lomba badminton juara 1: tim guru (Pak Agrib & Pak Surya) juwara 2 : XII IPS juwara 3 : XE8 lomba estafet bakul gelut juwara 1 : XI MIPA 7 juwara 2 : XE5 juwara 3 : XI mipa 8 Teladan battle royal juwara 1 : XE8 juwara 2 : XE6 juwara 3 : XI mipa 5. (TRW)
